Sindenrela lan Sendal Jepit
Sindenrela kuwi gadis desa sing pinter
nembang, suarane apik, parase ayu, seneng nulung, nanging uripe melasi. Ibu
kandunge wis ngadep Gusti Allah. Sindenrela nduwe ibu kuwalon anyar lan nduwe
sedulur kuwalon anyar jenenge Rahayu. Ibu tiri lan Rahayu mau senenge nyiksa
Sindenrela nek langka bapake ing umah. Saben dina Sindenrela dipaksa
kerja terus-terusan, nanging Sindenrela tetep sabar.
Sindenrela nduwe kanca jenenge
Tukimin. Tukimin kiye wis dadi kancane Sindenrela kawit cilik. Mung karo
Tukimin tok, Sindenrela gelem cerita apa bae, langka sing ditutupi. Apa maning
masalah karo ibu tirine lan Rahayu, ora ketinggalan di ceritakake meng Tukimin.
Babak I
( esuk-esuk nang umahe Sindenrela )
Ibu tiri :
“Sindeeeeen!!!! Sindenrela!!!” ( lungguh ing ngarep TV karo
kipas
kipas )
Sindenrela : “Dalem, Bu?” ( mlayu marani ibu tirine )
Ibu tiri : “Dolam dalem! Kuwe ora ndeleng gerabah numpuk-numpuk.
Sindenrela : “Dalem, Bu?” ( mlayu marani ibu tirine )
Ibu tiri : “Dolam dalem! Kuwe ora ndeleng gerabah numpuk-numpuk.
Kumbaih siki!”
Sindenrela : “Ngapunten, Bu. Kala wau kan Ibu ndhawuhi Sinden supados
Sindenrela : “Ngapunten, Bu. Kala wau kan Ibu ndhawuhi Sinden supados
nggirah agemane Ibu. Nah menika dereng...”
( Sindenrela durung
rampung ngomong, wes dipedhot ibu tirine )
Ibu tiri : “Halah, aja nggawe alasan terus! Ibu ora arep ngerti, pokoke siki
Ibu tiri : “Halah, aja nggawe alasan terus! Ibu ora arep ngerti, pokoke siki
kabeh kudu rampung!”
Sindenrela : “Nggeh, Bu...” ( karo manthuk manthuk )
Rahayu : “Sindenrelaaaaa!”
Sindenrela : “Dalem, Mba?” ( mlayu marani Rahayu )
Rahayu : “Kiye klambiku gosokake. Aku arep dolan karo kanca-kancaku.
Sindenrela : “Nggeh, Bu...” ( karo manthuk manthuk )
Rahayu : “Sindenrelaaaaa!”
Sindenrela : “Dalem, Mba?” ( mlayu marani Rahayu )
Rahayu : “Kiye klambiku gosokake. Aku arep dolan karo kanca-kancaku.
Saiki!”
( mbalangke klambi marang wajahe Sindenrela )
Sindenrela : “Nanging, Mba, anu menika Sinden ajeng ngumbah agemane Ibu
Sindenrela : “Nanging, Mba, anu menika Sinden ajeng ngumbah agemane Ibu
lan
ngumbah piring.”
Rahayu : “Terus aku kon mikiri? Gosokake klambiku, saiki! Nek ora aku
Rahayu : “Terus aku kon mikiri? Gosokake klambiku, saiki! Nek ora aku
omongna
Ibu nek kowe ora gelem!”
Sindenrela :“Ampun to, Mba.
Nggeh sampun Sinden gosokaken. Nenggo
sekedap
malih...” ( Sindenrela banjur cepet cepet nggosok
Babak II
( Sindenrela nggosok klambine mbakyune karo nangis amarga nelangsa karo uripe sing saben dina dibeda-bedani nang umahe dewe. Sindenrela ora ngerti nek ana Tukimin teka lewat lawang mburi )
Tukimin : “Loh, Nden? Nangapa koh? Deneng nangis?” ( nyedhak
marang Sindenrela )
Sindenrela : “Rasaku kok kesel banget ya, Min. Aben-aben dikon
nyambut gawe kayak kiye...” ( ngulapi
iluhe kang netes )
Tukimin : “Sing legowo, Nden. Sing ikhlas.. Kabeh tindak-tanduke
Tukimin : “Sing legowo, Nden. Sing ikhlas.. Kabeh tindak-tanduke
dewek mesti dibales karo Gusti Allah.
Sanajan ora ngerti
kapan wektune.”
Sindenrela : “Iya, Min. Apa kuwe sing nang tangan, sing kowe cekel?” (
Sindenrela : “Iya, Min. Apa kuwe sing nang tangan, sing kowe cekel?” (
karo nunjuk tangan tengene Tukimin )
Tukimin : “Nah, tembe bae aku arep ngomong. Kiye mau ana
Tukimin : “Nah, tembe bae aku arep ngomong. Kiye mau ana
undangan saka Jaka Sembung. Dadi Jaka
Sembung kiye
critane arep nganakake acara kanggo golek
bojo.”
Sindenrela : “Temenan apa kuwe, Min? Jaka Sembung sing umaeh nang
Sindenrela : “Temenan apa kuwe, Min? Jaka Sembung sing umaeh nang
desa sebelah kae, to?” ( kaget )
Tukimin : “Iya, Nden. Jaka Sembung sing kowe senengi kae. Mbog
Tukimin : “Iya, Nden. Jaka Sembung sing kowe senengi kae. Mbog
kowe tau cerita...”
Sindenrela : “Moso sih?”
Tukimin : “Halah...kuwe pipimu kok dadi abang? Hahahaha...”
Sindenrela : “Moso sih?”
Tukimin : “Halah...kuwe pipimu kok dadi abang? Hahahaha...”
( ngguyu ngledo Sindenrela )
Sindenrela : “Gara-garane kowe, Min! Ngledeki aku! Kan aku isin, to!”
Sindenrela : “Gara-garane kowe, Min! Ngledeki aku! Kan aku isin, to!”
(nutupe raine nganggo tangane karo ngguyu
ngguyu
dewe)
Tukimin : “Iya, iyaaa... Kiye undangane, masalah melu
apa ora kuwe
terserah. Sing penting aku wis ngabari
kowe, Nden.”
Sindenrela : “Aku sih kepengin melu, Min. Tapi aku ora ngerti ulih apa
Sindenrela : “Aku sih kepengin melu, Min. Tapi aku ora ngerti ulih apa
Tukimin : “Pamit bae karo Bapakmu wae nangapa?”
Sindenrela : “Bapak kan lagi kerja 2 minggu nang kota. Aku ya ora bisa
matur maring Bapak.”
Tukimin : “Oh, yawis kowe nembung disit. Mengko aku dikabari ya.
Tukimin : “Oh, yawis kowe nembung disit. Mengko aku dikabari ya.
Aku arep bali disek. Assalamu’alaikum...”
Sindenrela : “Walaikumsalam...”
Rahayu : “Sindeeeen! Lagi ngapa sih, deneng suwe temen nggosoke!!
Sindenrela : “Nggeh, Mba. Niki sampun rampung.”
Rahayu : “Jan, kaya kuwe tok be kesuwen!” (njukut klambine) “Loh,

kuwe apa sing kowe cekel?”
Sindenrela : “Anu, Mba..anu...niki..eh...undangan.”
Rahayu : “Kiye kan undangan acarane Jaka Sembung? Deneng kowe
Sindenrela : “Anu, Mba..anu...niki..eh...undangan.”
Rahayu : “Kiye kan undangan acarane Jaka Sembung? Deneng kowe
bisa ulih juga? Kowe arep melu apa?
Hahahahaha. Aja
ngimpi Jaka Sembung seneng marang kowe!
Jaka Sembung
kuwe seneng wong wedon sing kaya aku, udu
kaya kowe!”
Sindenrela : “Tapi kan mboten salah to Mba, menawi Sinden nderek
Sindenrela : “Tapi kan mboten salah to Mba, menawi Sinden nderek
acara menika.”
Rahayu : “Ibuuuu! Bu....!”
Sidenrela : ( bingung Rahayu meh ngapa, wedi yen wadul ibune )
Ibu tiri : “Apa to? Kok bengok-bengok?”
Rahayu : “Bu, menika mireng mboten menawi Jaka Sembung
Rahayu : “Ibuuuu! Bu....!”
Sidenrela : ( bingung Rahayu meh ngapa, wedi yen wadul ibune )
Ibu tiri : “Apa to? Kok bengok-bengok?”
Rahayu : “Bu, menika mireng mboten menawi Jaka Sembung
ngawontenaken undangan pados garwa mangke
ndalu?”
Ibu tiri : “Loh apa iya? Jaka Sembung sing gagah kae?”
Rahayu : “Nggeh, Bu. Rahayu uga badhe nderek. Tapi moso Sinden
Ibu tiri : “Loh apa iya? Jaka Sembung sing gagah kae?”
Rahayu : “Nggeh, Bu. Rahayu uga badhe nderek. Tapi moso Sinden
nderek, kan lucu nggeh, Bu?”
Ibu tiri : “Apa? Kowe arep melu? Ora ulih karo Ibu! Mung gawe isin
Ibu tiri : “Apa? Kowe arep melu? Ora ulih karo Ibu! Mung gawe isin
tok mengko nang kana!”
Sindenrela : “Tapi, Bu... Mba Rahayu uga pareng nderek, moso Sinden
Sindenrela : “Tapi, Bu... Mba Rahayu uga pareng nderek, moso Sinden
mboten pareng?”
Ibu tiri : “Sekali ora ulih ya tetep ora! Mengko
bengi, kowe nang
Babak III
( Mlebu wayah bengi Rahayu karo ibu tirine Sindenrela sibuk nganah-ngeneh kanggo persiapan menyang umaeh Jaka Sembung. Rahayu ditukokake klambi anyar sing apik banget. Sindenrela mung bisa ndeleng sanajan atine iri ndeleng kakange diistimewakake karo ibune. Sindenrela sing ora bisa melu mung bisa nelangsa karo resik-resik umah )
Sindenrela : “Ya Allah, paringana
sabar, paringana ikhlas...”
( Sindenrela ndonga karo nangis )
Tukimin : “Assalamu’alaikum, Nden, Sinden!” ( ngetok ketok lawang
Tukimin : “Assalamu’alaikum, Nden, Sinden!” ( ngetok ketok lawang
omahe Sindenrela )
Sindenrela : “Walaikumsalam, mlebu bae, Min!”
Tukimin : “Nden, deneng kowe tesih nang umah?” ( bingung ndeleng
Sindenrela : “Walaikumsalam, mlebu bae, Min!”
Tukimin : “Nden, deneng kowe tesih nang umah?” ( bingung ndeleng
Sindenrela kang iseh nyapu )
Sindenrela : “Aku ora ulih melu karo Ibu, Min. Aku didhawuhi nang
Sindenrela : “Aku ora ulih melu karo Ibu, Min. Aku didhawuhi nang
umah bae resik-resik.”
Tukimin : “Wis mangkat bae saiki. Ayo karo aku mronone!” ( karo
Tukimin : “Wis mangkat bae saiki. Ayo karo aku mronone!” ( karo
narik narik tangane Sindenrela )
Sindenrela : “Tapi nek aku dukani Ibu piye, Min. Aja ngawur kowe!” (
Sindenrela : “Tapi nek aku dukani Ibu piye, Min. Aja ngawur kowe!” (
nguculke tangane kang ditarik Tukimin )
Tukimin : “Ora, ora bakal diseneni. Wis ayo mangkat!”
Sindenrela : “Tapi aku ora nduwe klambi maen, Min...” ( ndeleng klambi
Tukimin : “Ora, ora bakal diseneni. Wis ayo mangkat!”
Sindenrela : “Tapi aku ora nduwe klambi maen, Min...” ( ndeleng klambi
kang dinggo dekne )
Tukimin : “Halah, wis mbatin aku. Wong wedon genah iya koh, repot
Tukimin : “Halah, wis mbatin aku. Wong wedon genah iya koh, repot
apa-apane! Geh aku wis nyelangake klambine
mbakku.
Dienggo rana!” ( nyerahke tas kresek kang
isine klambi )
Sindenrela : “Tukimin pancen TOP banget. Matur nuwun ya, ora salah
Sindenrela : “Tukimin pancen TOP banget. Matur nuwun ya, ora salah
aku nduwe kancan kaya kowe, Min! Aku tak
ganti disik
ya...”
Tukimin : “Iya, iya, cepetan!”
Sindenrela : (metu saka kamar) “Piye, Min? Wagu ora?”
Tukimin : “Iya, iya, cepetan!”
Sindenrela : (metu saka kamar) “Piye, Min? Wagu ora?”
Tukimin : “Ayu koh, Nden. Apik lan pas nang kowe! Sumpah, kowe
gawe pangling!” ( ngacungake 2 jempol
tangane )
Sindenrela : “Halah, ngapusi ya?”
Tukimin : “Ora kok, temenan. Wis ayo mangkat! Tapi tak boncengna
Sindenrela : “Halah, ngapusi ya?”
Tukimin : “Ora kok, temenan. Wis ayo mangkat! Tapi tak boncengna
Sindenrela : “Ya ora apa-apa. Wis bisa mangkat kuwe wis
Alhamdulillah. Aduh, aku kelalen aku ora
nduwe sepatu,
Min!”
Tukimin : “Loh aku juga ora nggawa. Terus piwe?”
Sindenrela : “Yawis ora masalah aku nganggo sendal jepit bae.”
Babak IV
( Sindenrela diboncengna Tukimin maring umaeh Jaka Sembung nang desa sebelah. Tekan umaeh Jaka Sembung )

Tukimin : “Wis nganah mlebu, aku nang njaba bae. Mengko nek wis
rampung parani aku nang pos ronda kae
ya...” ( ngacungi
pos ronda kang ana ing pojokan )
Sindenrela : “Tapi aku isin mlebune, Min. Rame banget!”
Tukimin : “Lah, ora apa-apa. Kiye kan acara bebas kanggo sapa bae.
Sindenrela : “Tapi aku isin mlebune, Min. Rame banget!”
Tukimin : “Lah, ora apa-apa. Kiye kan acara bebas kanggo sapa bae.
Wis
nganah!”
Sindenrela : “Yawis. Matur nuwun ya, Min. Aku mlebu disit.” ( mlaku
Sindenrela : “Yawis. Matur nuwun ya, Min. Aku mlebu disit.” ( mlaku
marang pesta ing omahe Jaka Sembung )
Babak V
( Sindenrela mlebu maring umaeh Jaka Sembung. Karo isin soale Sindenrela mung nganggo sandal jepit, padahal liyane pada nganggo sepatu apik. Tembe bae njagong kursi Jaka Sembung nyamperi Sindenrela )

Jaka Sembung : “Sugeng rawuh, Mba....?”
Sindenrela : “Sinden, Sindenrela.” ( karo isin isin )
Jaka Sembung : “Sindenrela. Jenengmu apik, cocok karo parasmu sing ayu.”
Sindenrela : “Mas Jaka bisa bae...” ( raine Sinden abang amarga isin )
Jaka Sembung : “Bisa ya, hehe. Sampeyan maring ngeneh karo sapa?”
Sindenrela : “Karo kanca mau, Mas.”
Jaka Sembung : “Oh. Sindenrela mesti pinter nyanyi? Gelem ora nembang
selagu kanggo ngramekake acara iki. Selagu
tok...”
Sindenrela : “Anu...ora, Mas. Aku ora bisa nyanyi. Mbog malah tamune
Sindenrela : “Anu...ora, Mas. Aku ora bisa nyanyi. Mbog malah tamune
Jaka Sembung : “Moso sih? Aku ora ngandel. Ayo nyanyi, dijajal sik.”
Sindenrela : “Ampun lah, Mas. Anu ora bisa...”
Jaka Sembung : “Ayo lah, selagu tok, Nden. Ya? Ya?”
Sindenrela : “Emm... Yawis, selagu bae ya.”
Jaka Sembung : “Cihuy...iya selagu. Ayuh munggah panggung cilik kae.”
(Jaka ngacungi panggung kang ana ing ngarepan
para tamu)
Sindenrela : “Iya, Mas.” ( Sinden mlaku enyang panggung )
Babak VI
( Sindenrela sing dipaksa nyanyi karo Jaka Sembung akhire gelem. Pas Sindenrela lagi nyanyi, ibu tiri karo Rahayu metu saka lawang mburi. Wong loro kiye mau ndeleng Sindenrela lagi nyanyi. Sindenrela juga ndeleng ibune karo Rahayu. Sindenrela kang ndhuwur panggung langsung pucet. Sawise Sindenrela nyanyi, Sindenrela mudhun saka panggung, langsung dicegat ibu tirine karo mbakyune )

Ibu tiri : “Apa-apaan kowe nang kene! Ora krungu dhawuhe Ibu
apa,
hah! Wis wani siki?!” ( narik narik tangane
Sindenrela )
Rahayu : “Bisa-bisane ana nang kene kowe!”
Sindenrela : “Wau, kula, anu...”
Ibu tiri : “Halah, aja kakehan alasan! Siki bali kowe! Sedurunge pada
Rahayu : “Bisa-bisane ana nang kene kowe!”
Sindenrela : “Wau, kula, anu...”
Ibu tiri : “Halah, aja kakehan alasan! Siki bali kowe! Sedurunge pada
nyadar kowe nang kene. Cepet bali!” (
nyeret Sindenrela )
Sindenrela : “Tapi, Bu...”
Rahayu : “Cepet rana! Ora usah kakehan tapi!” (ndorong Sindenrela)
Sindenrela : “Tapi, Bu...”
Rahayu : “Cepet rana! Ora usah kakehan tapi!” (ndorong Sindenrela)
Babak VII
( Sindenrela cepet-cepet arep metu saka umaeh Jaka Sembung. Tapi sedurunge tekan lawang, Sindenrela tubrukan karo Jaka Sembung )
Jaka Sembung : “Loh, Sinden? Arep ngendi? Deneng kesusu temen?”
Sindenrela : “Anu...aku...aku pamit, Mas. Aku arep bali, anu, aku
ditunggu nang umah. Ngapurane ya, Mas.”
Jaka Sembung : (nyekel tangane Sindenrela) “Aja! Aja bali disit...”
Sindenrela : “Ora bisa, Mas. Aku kudu bali saiki.” ( nguculake tangane
Jaka Sembung : (nyekel tangane Sindenrela) “Aja! Aja bali disit...”
Sindenrela : “Ora bisa, Mas. Aku kudu bali saiki.” ( nguculake tangane
saka Jaka, banjur mlayu)
Jaka Sembung : “Sindeeeen!”
Sindenrela : “Aja nyegat aku, Mas. Aku ora bisa suwe-suwe nang
Jaka Sembung : “Sindeeeen!”
Sindenrela : “Aja nyegat aku, Mas. Aku ora bisa suwe-suwe nang
kene...”
Jaka Sembung : “Udu, anu, kuwe sandal jepitmu ketinggalan.” ( nggojeki
Jaka Sembung : “Udu, anu, kuwe sandal jepitmu ketinggalan.” ( nggojeki
Sindenrela : “Assalamu’alaikum...”
Jaka Sembung : “Walaikumsalam...
( Sindenrela bali maring umah karo Tukimin sing gumun nangapa Sindenrela mung sedela tok nang umaeh Jaka Sembung. Apa maning Sindenrela metu ora sandalan )
Babak VIII
( Esuk-esuke, umaeh Sindenrela ditekani tamu sing ora diduga karo Sindenrela ibu tirine, lan Rahayu, amarga sing teka kuwe Jaka Sembung )
Jaka Sembung :
“Assalamu’alaikum...” ( ngetok tok lawang )
Sindenrela : “Walaikumsalam...” ( buka lawang ) “Loh? Mas Jaka??”
Jaka Sembung : “Iya, Nden. Aku arep ana perlu.”
Ibu tiri : “Eeeeh, ana Mas Jaka Sembung. Monggo, monggo mlebet!
Sindenrela : “Walaikumsalam...” ( buka lawang ) “Loh? Mas Jaka??”
Jaka Sembung : “Iya, Nden. Aku arep ana perlu.”
Ibu tiri : “Eeeeh, ana Mas Jaka Sembung. Monggo, monggo mlebet!
Mesti arep nggoleti Rahayu ya, Mas Jaka?
Rahayuuu!!!”
Rahayu : “Wonten menopo to, Bu?” ( metu saka kamar )
Ibu tiri : “Iki loh, ana Mas Jaka nggoleki kowe.”
Rahayu : “Moso? Apa iya, Mas?”
Jaka Sembun : “Ngapunten, Bu. Saestunipun kula dhateng mriki wonten
Rahayu : “Wonten menopo to, Bu?” ( metu saka kamar )
Ibu tiri : “Iki loh, ana Mas Jaka nggoleki kowe.”
Rahayu : “Moso? Apa iya, Mas?”
Jaka Sembun : “Ngapunten, Bu. Saestunipun kula dhateng mriki wonten
perlu kaliyan Sindenrela. Sanes kaliyan Rahayu.”
Ibu tiri : “Oh, ngono? Ana perlu apa to? Kok sing digoleti
Ibu tiri : “Oh, ngono? Ana perlu apa to? Kok sing digoleti
Sindenrela?!”
Jaka Sembung : “Kula dhateng mriki sepisan kaperlu badhe wangsulaken
Jaka Sembung : “Kula dhateng mriki sepisan kaperlu badhe wangsulaken
sendal jepite Sindenrela ingkang katinggalan wonten
griya kula. Kaping pindo, kula badhe ndadosaken
Sindenrela dados garwa kula.”
Ibu tiri, Rahayu : “Haaaaaah???????” ( kaget, mlongo )
Jaka Sembung : “Nggih, leres, Bu, Sinden, Rahayu. “
Sindenrela : “Mas Jaka lagi guyon apa pripun sih?”
Jaka Sembung : “Ora, Nden. Aku temenan arep nglamar kowe. Kowe nrima

apa ora, Nden?”
Sindenrela : ‘Eh, mm, anu...” ( ndelokake ibu lan mbakyu tirine )
Jaka Sembung : “Nden?”
Sindenrela : “Eh, i..iya, Mas...”
Jaka Sembung : “Alhamdulillah....”
( Akhire Sindenrela digarwa karo Jaka Sembung. Sanajan ibu tirine lan Rahayu ora seneng, nanging bapake Sindenrela wis menehi restu. Sindenrela karo Jaka Sembung urip ayem lan tentrem adoh saka ibu lan mbakyu tirine )

Tidak ada komentar:
Posting Komentar