Assalamu’alaikum Wr ... Wb.
Ingkang kinurmatan Kepala SMP Negeri 1 Cluring
Ingkang
kinurmatan Bapak/Ibu Guru lan Karyawan -
Karyawati SMP Negeri 1 Cluring
Pak
Misnan kalian Bu Ramini kang kulo
bekteni
Kalian
rencang-rencang kelas 9 kang kulo tresnani
Kaping kalih, ing wedal sakmenika kulo bade ngaturken
babagan “Sumpah Pemuda” ing warsa 2015 menika
Kula lan
panjenengan mesti sampun sami mangertosi bilih tanggal 28 Oktober bangsa
Indonesia mengeti dinten Sumpah Pemuda. Inggih menika salah sawijining prastawa
ingkang nuduhake marang kabeh wong bilih bangsa Indonesia bangsa ingkang
anggadahi semangat berjuang, semangat nyawiji bhineka tunggal ika, semanta
merdeka lan dadi bangsa ingkang ngadeg jejeg.
Wondene isi
Sumpah Pemuda inggih menika :
Kami putra dan putri
Indonesia, mengaku berbangsa satu, bangsa Indonesia
Kami putra dan putri
Indonesia, mengaku bertumpah darah satu, tanah air Indonesia
Kami putra dan putri
Indonesia, berbahasa satu, bahasa Indonesia.
Isi sumpah lan
janji menika wajib kita lestarekake lan diamalake kagem mujudake pengarep-arep
cita-cita kamardikan urip makmur, adil lan sejahtera. Yaiku minangka
pelajar / murid, kita wajib semangat lan mempeng anggenipun sinau. Lan minangka
pemuda (usia produktif) kita kedah semangat lan sregep anggenipun nyambut damel
ngsisi pembangunan bangsa.
Menika inkang saged kula aturaken
babagan Sumpah Pemuda. Ayo kita junjung tinggi kaluhuran Sumpah Pemuda.
Santen parutan
klapa, cekap semanten atur kawula. Numpak sepur nggawa tali, mbok bilih wonten
klenta-klentunipun atur, kula nyuwun agunging pangaksami.
Wassalamu’alaikum Wr ... Wb
Tidak ada komentar:
Posting Komentar