Assalamualaikum.
Wr. Wb.
Ingkang dahad kinormatan Ibu Kepala Sekolah, Bapak
ugi ibu guru, staf TU, lan konco-konco ugi adek-adek sedaya kemawon ingkang
kula tresnani.
Sapisan, monggo kita sedaya sesarengan ngaturaken
puji syukur dumateng Gusti ingkang Maha Agung, Ingkang sampun maringaken nikmat
kewarasan dumateng kita sedaya. Dados kita sedaya saget sesarengan kempal
dhateng adicara perpisahan siswa kelas 6
sapunika. Kula siswa kelas 6 ingkang tinanggenah guru kagem mewakili
konco-konco kelas 6 kagem ngaturaken matur sembah suwun. Kula sakonco namung
saget ngaturaken ucapan matur sembah nuwun kagem sedaya bapak ibu guru ingkang
sampun mbulawantah kula sakonco dangunipun enem warsa dateng pawiyatan menika.
Kula sakonco inggih badhe nyuwun pangestunipun supados kula sakonco saget
nglebeti pawiyatan enggal ingkang sae ingkang sampun dhados tujuan kula
sakonco. Ugi supados kula sakonco saget dados tiyang ingkang migunani kagem
keluarga, masyarakat, ugi bangsa lan
negara. Sejatosipun kula sakonco kraos awrat sanget kagem nilaraken pawiyatan
menika. Namung kawontenan kedah mekaten, pramila kepeksa kula sakonco nilaraken
bapak/ibu saha adhik-adhik kelas sedaya.
Mekaten atur kawula, inggih punika sepisan
ngaturaken panuwun, lan ingkang kalih nyuwun pamit badhe nilaraken pawiyatan.
Kula sarencang kelas 6 tansah nyenyuwun lan
ndedonga mugi adhik-adhik sagede kasil anggenipun ngangsu kawruh wonten ing
pawiyatan punika
Mboten kantun ugi kula sakonco tansah memuji
dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, supados bapak/ibu guru saha adhik-adhik
pikantuk rahmating Pangeran, wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.
Cekap semanten saking kula, manawi anggen kula
sakonco kagungan sisip sembering. Ingkang klenthu, kula nyuwun agunge
pangaksami dumateng sedaya kemawon. Kula
aturaken matur sembah suwun
Wassalaamualaikum.
Wr. Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar