Minggu, 22 Februari 2015

Pidato NARKOBA


Assalamualaikum Wr. Wb
Katur panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah ingkang kula hormati, Bapak Ibu Guru SMP Negeri 1 Cluring ingkang kula hormati, Ibu Ramini lan Bapak Misnan ingkang kinabakten, lan rencang-rencang ingkang kula tresnani. Monggo kita sareng-sareng ngunjukaken puji syukur wonten ngarsaning Gusti hang Maha Agung, ingkang sampun maringi nikmat lan kewarasan marang kita sedaya.

Ing wekdal samenika kula badhe ngaturaken babakan narkoba ing warsa 2015 menika. Kita sampun mangertosi menika narkoba saben dinten dados berita wonten TV, media masa utawi koran. Kita mangertosi tiang-tiang ingkang ngonsumsi narkoba tumindakipun badhe nalisir saking kasusilaan.

Tiang kang ngonsumsi narkoba, ical kasadaranpun lan gampil tumindak anarkis, mejahi tiang, mbegal, jambret lan sanes-sanesipun. Narkoba niku ngerusak jasmani lan rohani. Sak sintene tiang ingkang ngonsumsi narkoba, mboten pejabat, mboten guru, mboten artis, mboten rakyat, mboten murid, mboten sugih, lan mboten miskin.

Mekaten niku monggo kita sareng-sareng tebihi narkoba, kita perangi narkoba, supados kita mboten kecemplung jurang kesengsen saran. Kita dumateng generasi muda peneruse bangsa, monggo kita berjuang kanti sekuat tenaga merangi narkoba, dumungi samenika kita sedaya saget kempal wonten mriki.

Para hadirin ingkang kula hormati, cekap sementen kula aturaken babakan narkoba mugi-mugi saget dados pepengat tumrap kita sedaya, lan kula nyuwun agenging pangapunten lan kuta aturaken maturnuwun. 
 Wassalamualaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar